الخطبة الأولى

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ، اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ، مُكَوِّرِ اللَّيْلِ عَلَى النَّهَارْ، تَذْكِرَةً لِأُولِى الْقُلُوْبِ وَالْأَبْصَارْ، وَتَبْصِرَةً لِذَوِي الْأَلْبَابِ وَالْإِعْتِبَارْ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِٰلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهْ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نُوْرِ الْأَنْوَارْ، وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ الْأَطْهَارْ. أَمَّا بَعْدُ

فَيَآ أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ. فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَخَابَ مَنْ طَغَى. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin Hafidhakumullah

Monggo wonten ing wekdal ingkang sae meniko, kito ningkataken takwa dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, artosipun nindaaken sedoyo dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun kanti estu. Mugi-mugi kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang begjo dunyo lan akherat. Aamin ya robbal alamin.

Ma’asyiral Muslimin Hafidhakumullah

Alhamdulillah, wekdal meniko kito sampun lumebet ing wulan Sya’ban, salah setunggalipun wulan ingkang minulyo. Dipun sebat Sya’ban, keranten wulan ingkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget (yatasya’abu minhu khairun katsir). Makna lintunipun, Sya’ban musytaq saking Syi’bi, ateges dalan erenge gunung utawi dalan kesaenan.

Wulan Sya’ban ingkang posisinipun wanatawis wulan Rojab lan Romadhon meniko ndadosaken Sya’ban kirang populeripun kalian kekalihipun. Ngantos Kanjeng Nabi ngecap wulan meniko wulan engkang dipun laleaken. Kados pangendikanipun:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ (رواه النسائي)

“(Sya’ban) iku wulan kang dilaleake poro manungso, kang manggon ing antarane wulan Rojab lan Romadhon.” (HR. An-Nasa’i)

Jama’ah Jumah Ingkang Dipun Mulyaaken Allah

Wonten ing kitab Ma Dza fi Sya’ban karanganipun Abuya Sayyid Muhammad bin Alawi Al-Maliki nyebataken tigang peristiwa penting, saklintunipun malem Nishfu Sya’ban, ingkang ngrubah beragamanipun tiyang muslim.

Sepindah, Pindahipun Kiblat (Tahwilul Qiblah). Pindahipun kiblat saking Masjidil Aqsha dateng Masjidil Haram meniko dumawah wonten ing wulan Sya’ban. Pindahipun kiblat meniko setunggalipun perkawis ingkang sanget dipun ajeng-ajeng Kanjeng Nabi. Dipun riwayataken, bilih Kanjeng Nabi saben dinten jumeneng ndangak ningali langit nenggo temurunipun wahyu. Lajeng Allah SWT ngabulaken pengajeng-ajengipun kanjeng Nabi kanti nurunaken surat al-Baqoroh ayat 144.

Kaping kalih, Penyerahan Rekapitulasi Sedoyo Amal dateng Allah (rof’ul a’mal). Salah setunggalipun faktor ingkang ndadosaken wulan sya’ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal dipun aturaken dateng Allah SWT. Hinggo kanjeng nabi remen siyam wonten ing wulan meniko.

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ الْأَعْمَالُ اِلَي رَبِّ الْعَالَمِيْنَ فَأُحِبُّ اَنْ يُرْفَعُ عَمَلِىْ وَأَنَا صَائِمٌ (رواه النسائي)

“Yo iku wulan kang ono wulan iku kabeh amale manungso dilaporke marang Allah. Aku seneng menowo amalku dilaporke sedeng aku pas wancine poso” (HR. An-Nasa’i)

Kaping tigo, mandhapipun ayat anjuran sholawat dhateng Rasulullah SAW (Syahrus Sholah ‘ala Nabiy). Wonten ing wulan sya’ban ugi dipun turunaken ayat anjuran sholawat dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pramilo mboten salah, menawi wulan sya’ban dipun wastani wulan sholawat.

Ma’asyiral Muslimin Hafidhakumullah

Ing wulan Sya’ban, wonten setunggalipun dalu ingkang dipun agungaken, dipun berkahi, lan dipun mulyaaken, inggih meniko malem Nishfu Sya’ban ingkang dhumawah ing malem tanggal 15 Sya’ban. Wonten ing dalu kasebat, Allah “mandap” nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken saperangan golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulullah Muhammad SAW dhawuh:

إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. (أخرجه ابن ماجه)

“Temen Allah ono malem Nishfu Sya’ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Allah pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang seteru karo sedulure” (HR. Ibnu Majah)

Mugi-mugi kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang mboten niyak-niyaaken mulyanipun wulan Sya’ban wabil khusus malem Nishfu Sya’ban meniko, sinaoso ngayahi kesibukan duniawi engkang kathah sanget. Aamin Ya Robbal Alamin…

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ

الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ اِلَّا الله اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ محمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الـخَلَائِقِ وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ  صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الْمُخْتَارِ وَآلِهِ الْأَطْهَارِ وَاَصْحَابِهِ الْأَخْيَارِ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ اللهِ: أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَّلَكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ، يَآأيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْن. وَاْرضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ  أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَارَبَّ اْلعَالَمِيْنَ .رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار

 عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Disusun Oleh : Drs. KH. A. Kharis Masduki, M.SI (Wakil Rais Syuriah PCNU Gunungkidul)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *