Oleh:

KH. Mustajib Muhyi

A’wan PCNU Gunungkidul

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الّذَيْ خَصَّ بِالْفَضْلِ وَالتَّشْرِيْفِ بَعْضَ مَخْلُوْقَاتِهِ. وَأَوْدَعَ فِيْهَا مِنْ عَجَائِبِ حِكَمِهِ وَبَدِيْعِ إِتْقَانِهِ. أَحْمَدُهُ حَمْدَ عَبدٍ يَعْلَمُ أَنَّهُ هُوَ الْمَحْمُوْدَ عَلٰى جَمِيْعِ أَقْضِيَتِهِ وَأَحْكَامِهِ وَتَدْبِيْرَاتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، إِتَّقُوااللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاسْتَعِدُوا مِنْ شَهْرٍ مَلِئٍ بِالْبَرَكُةِ وَالرَّحْمَةِ وَالْمَغْفِرَةِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ.

Hadirin Jama’ah Jum’at Ingkang Minulyo

Monggo kito sami budidoyo takwa dhumateng Allah SWT kanti nderek menopo ingkang dados dawuh-dawuhipun lan nebihi menopo mawon ingkang dodos awisan-awisanipun.

Hadirin Jama’ah Jum’at Ingkang Minulyo

Mboten dangu malih kita bade mlebet wulan ingkan suci, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak ing berkah, rohmat lan pangapuntenipun Allah, inggih meniko wulan Siyam Ramadhan. Pramilo, manggo kita siapaken kangge nyambut wulan mulyo meniko. Sewulan muput, siangipun kita dipun wajibaken ngeker daharan, ngunjuk, lan sedayo perkawis ingkang saget batalaken Siyam. Perlunipun, mugi-mugi kanti siyam, kita leres-leres dados tiyang ingkang taqwa.

Dawuhipun Allah SWT :

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ.

“He wong-wong kang podho iman, wis diwajibake marang seliranmu kabeh Poso Ramadhan, kayo olehe wis diwajibake marang wong-wong kang sak durunge seliranmu kabeh, supayo seliranmu dadi wong kang takwa.”

Jama’ah Jum’at Ingkang Minulyo

Wonten ayat menika, Allah SWT dawuh dumateng tiang-tiang ingkan Iman, mboten dateng sedaya manungsa, menika nedahaken bilih tiang ingkang sanggup nindakaken kewajiban siyam Ramadhan menika tiang ingkang leres-leres iman dumateng Allah SWT. Sebab, siyam Ramadhan meniko sanes ibadah ingkang entheng, mboten bade to’at nindakaen dawuhipun, kejawi sak estu-estu iman dateng Allah SWT. Wonten ayat meniko, Allah SWT ugi nyebataken bilih kewajiban siyam menika ugi sampun dipun wajibaken dateng umat rumiyen, menika nedahaken bilih ibadah siyam menika dawuh Allah ingkang sampun kalampah wonten ing umat-umat sak derengipun.

Para Jama’ah Jum’at Ingkang Minulyo

Menawi kita ningali hikamah siyam menika katah sanget. Insya Allah kita bade ngraosaken nikmat nindakaken ibadah siyam, malah-malah kepingin sedaya wulan sak lebetipun setahun dados wulan Ramadhan sedaya.

Kanjeng Rasul, Nabi Muhammad SAW dawuh:

لَوْ تَعْلَمُ أُمَّتِى مَا فِى رَمَضَانَ لَتَمَنَّوْا أَنْ تَكُوْنَ السَّنَةُ كُلُّهَا رَمَضَانَ لِأَنَّ الْحَسَنَةَ فِيْهِ مُجْتَمِعَةٌ وَالطَّاعَةُ مَقْبُوْلَةٌ وَالدَّعَوَاتُ مُسْتَجَابَةٌ وَالذُّنُوْبُ مَغْفُوْرَةٌ وَالْجَنَّةُ مُشْتَاقَةٌ.

“Lamun umatku ngerti apo kang ono ing wulan Ramadhan mesthi podo kepengin kabeh wulan-wulan sak jerone setahun dadi Ramadhan kabeh, merga ono ing Ramadhan jenise kebecikan kabeh kumpul, ibadah taat diterima, do’a disembadani, dosa-dosa dingapura lan suwarga branto marang wong kang poso.”

Sak derengipun kita akhiri, perlu kita aturaken hadits ingkang dipun riwayataken Imam Bukhori, saking sahabat Abi Hurairah Radhiyallahuanhu, kanjeng Nabi ngendika:

مَنْ لَمْ يَدَعْ قَوْلَ الزُّوْرِ وَالْعَمَلُ بِهِ فَلَيْسَ لِلّٰهِ حَاجَةٌ فِى أَنْ يَدَعَ طَعَامَهُ وَشَرَابَهُ.

“Sopo wange ora ninggal pengucap lan tumindak goroh mangko Gusti Allah ora butuh marang wong poso ninggal mangan lan ngombene wong mau.”

Sebab siyamipun tiyang kasebat kirang saestu, amargi tasih tumindak maksiat kanthi pangandhikan lan pendamelanipun. Mugi-mugi Hadits meniko dados pengemut-emut kita anggenipun nindakaen siyam sehinggo kita leres-leres dados tiyang ingkan takwa.

أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *