Mengeti Isra’ lan Mi’raj Nabi Muhammad SAW

0

 الخطبة الأولى

اَلْحَمْدُ للهِ اَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ، فَأَصْبَحَ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَالَّذِىْ جَمَعَهُمْ بِالتَّوْحِيْدِ وَاْلإِيْمَانِ وَالْيَقِيْنِ. أَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ اَلْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ، وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْمُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ

فَيَآأَيُّهَا النَّاسُ اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ سُبْحَانَ الَّذِىْ اَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلاً مِنَ الْمَسْجِدِ اْلحَرَامِ اِلىَ الْمَسْجِدِ اْلأَقْصَى الَّذِىْ بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Sumonggo kito tansah ningkataken kualitas takwa dhumateng Allah SWT, kanthi ngelampahi dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Kanthi meniko kito badhe pikantuk kemuliaan lan kemenangan saking Allah SWT kados ingkang sampun dipun ngendikaaken wonten ing Al-Qur’an:

وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

“Sopo wonge kang taat marang Allah lan Rasule Allah, mongko wong mau nompo kemenangan kang gedhe.” (QS. Al Ahzab: 71)

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Minongko tiyang muslim, sampun sak mestinipun kito tansah mbudidoyo kados pundi kualitas iman lan takwa dhumateng Allah SWT sansoyo ningkat. Salah setunggal usaha nggih meniko ngathah-ngathahaken dzikir lan menggalihaken keagungan Allah SWT. Lan wonten ing kesempatan meniko, kulo ngajak dhumateng jamaah supados ngemut-emut peristiwa luar biasa, nggih meniko peristiwa Isra Mi’raj Nabi Muhammad SAW.

Isra’ Mi’raj kalebet peristiwa ingkang agung, nggih menika naliko Allah SWT paring keistimewaan dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW supados nindaaken perjalanan ingkang dipun dhereaken Malaikat Jibril, saking Masjidil Haram Makkah tumuju dhateng Masjidil Aqsha Palestina, dipun lajengaken minggah dhateng Sidratil Muntaha sowan dhateng Allah SWT, inggih Dzat Ingkang nyiptaaken alam semesta. Kados ingkang dipun ngendikaaken ing Al-Qur’an:

سُبْحَانَ الَّذِىْ اَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلاً مِنَ الْمَسْجِدِ اْلحَرَامِ اِلىَ الْمَسْجِدِ اْلأَقْصَى الَّذِىْ بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

 “Moho Suci Allah Kang wis nglakoake hamba-Ne ing sawijine wengi seko Masjidil Haram maring Masjidil Aqsha kang Ingsun (Allah) wis mberkahi sekelilinge, supoyo Ingsun (Allah) nuduhake saperangan seko tondho-tondho kekuasaan Ingsun (Allah). Sak temene Allah iku Maha Mirengake lan Moho Mirsani.” (Q.S. Al-Isra’: 1)

 

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Kisah Isra Mi’raj kados wonten ing setunggaling hadits riwayat Imam Bukhori, dipun ceritaaken bilih ing setunggaling dalu, naliko Rasulullah sare wonten ing Hijr Ismail, dipun rawuhi Malaikat Jibril lan Malaikat Mikail. Lajeng Kanjeng Nabi dipun beto dhateng telaga zam-zam, dipun bedhah lan dipun suceaken manahipun mawi toyo zam-zam. Lajeng dipun isi manahipun Kanjeng Nabi kanthi hikmah lan iman sahinggo manahipun Kanjeng Nabi penuh kesabaran, pengetahuan, keyakinan lan keislaman. Lajeng Malaikat Jibril nutup malih badanipun Kanjeng Nabi, lan dipun cap pundakipun kanthi cap kenabian.

Lajeng Kanjeng Nabi Muhammad SAW dipun dhereaken Malaikat Jibril lan Malaikat Mikail nitih kendaraan Buroq nindaaken Isra Mi’raj ingkang namung mbetahaken wekdal kirang saking sedalu.

 

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Puncak saking peristiwa Isra Mi’raj nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad SAW Nampi dhawuh langsung saking Allah SWT supados nindaaken shalat gangsal wekdal ingkang dipun wajibaken kagem Kanjeng Nabi lan umatipun.

Dhawuh shalat ingkang dipun tampi langsung saking Allah SWT mertelaaken bilih ibadah shalat meniko sanget penting tumrap tiyang muslim. Shalat mujudaken setunggal amal ibadah ingkang paring pangertosan kados pundi kito sedoyo mengabdi, menyembah, lan pasrah dhateng Allah SWT.

Shalat ingkang dipun lampahi kanthi khusyu’ lan khudlu’, badhe paring raos ingkang tenang lan tentrem ing gesangipun manungso. Allah sampun ngendiko :

إِنَّ اْلإِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًا – اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًا – وَاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًا اِلاَّ الْمُصَلِّيْنَ

 “Sak temene manungso iku diciptaake kanthi sifat keluh kesah lan kikir. Naliko nompo kesusahan dheweke sambat, lan naliko nompo kebungahan dheweke kikir, kejobo wong kang ngelakoni shalat.” (Q.S. Al-Ma’aarij: 19-22)

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Saking peristiwa Isra’ Mi’raj kolo wau, wonten mapinten-pinten hikmah ingkang saget kito pendhet, ingkang saget ningkataken keimana lan ketakwaan dhumateng Allah SWT:

Sepindah, saben-saben lampah kagem dhedhepe dhateng Allah SWT kedah dipun dhasari kanthi iman, takwa, sabar, ikhlas, lan manah ingkang suci, kados ingkang dipun gambaraken sak derengipun Kanjeng Nabi nindaaken Isra’ Mi’raj.

Kaping kalih, Saben lampah tumuju taat dhateng Allah SWT tentu wonten rintangan, gangguan, lan hambatan. Gangguan kasebat saget saking syetan ugi saget saking manungso.

Kaping tigo, Allah paring pitedah bilih sinten ingkang taat dhateng Allah lan ngelampahi amal shalih, badhe pikantuk ganjaran ingkang ageng. Semanten ugi kosok wangsulipun, sinten ingkang tumindak maksiat badhe pikantuk sikso.

Kaping sekawan, perjalanan Kanjeng Nabi Muhammad SAW saking Masjidil Haram dhateng Masjidil Aqsha lan mandheg ing papan-papan bersejarah saking poro nabi pendahulu, paring pitedah bilih njagi iman, makmuraken masjid, lan njagi tonggak sejarah poro pendahulu meniko sanget penting.

Kaping gansal, kewajiban saben-saben tiyang muslim kagem negaaken shalat gangsal wekdal meniko dados bagian saking rukun Islam lan sarono madhep lan manembah dhateng Allah SWT, bahkan Kanjeng Nabi ngendiko, “Sholat iku mi’roje wong-wong muslim.”

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ اِنَّهُ تَعَالَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ

أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا اللهَ وَافْعَلُوْا الْخَيْرَاتِ وَاجْتَنِبُوْا عَنِ السَّيِّئَاتِ. قَالَ اللهُ تَعَالَي اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. فَاَجِيْبُوْا اللهَ عِبَادَ اللهِ اِلَى مَا دَعَاكُمْ وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلَى مَنْ بِهِ اللهُ هَدَاكُمْ. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَآرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ  وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ  إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ اُمَّةَ سَيَّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَلَّلهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. اَلَّلهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَنَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً تَجْرِيْ فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ يَاحَيُّ يَاقَيُّوْمُ يَا اِلَهَنَا وَاِلَهَ كُلِّ شَيْئٍ هَذَا حَالُنَا يَا اللهٌ لَايَخْفَي عَلَيْكَ. اَلَّلهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Disusun Oleh : Drs. KH. Muhammad Ilyas (Mustasyar PCNU Gunungkidul)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *