الخطبة الأولى

اَلْحَمْدُ للهِ اَلْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اَلْمُنَزَّهُ عَلَى الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلَّذِىْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنِ. اَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ الرَّحْمَنِ، فَأِنىِّ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ اَلْمَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِيْ كِتَابِهِ الْقُرْآنِ : وَلَا تَسُبُّوا الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَسُبُّوا اللّٰهَ عَدْوًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ كَذٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ اُمَّةٍ عَمَلَهُمْۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

Jamaah Jum’at Rohimakumulloh

Sedaya puji pangalembana kita kunjuaken dhumateng Allah SWT, awit sedaya nikmat lan hidayah ingkang tansah dipun paringaken dhumateng kita sedaya. Kalebet wujud raos syukur nggih menika ningkataken takwa dhumateng Allah SWT Kanthi takwa menika lah kita badhe pikantuk kabekjan dunia lan akherat. Amin Yaa Rabbal Aalamin…

Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Ing kesempatan menika, kula badhe sekedhik ngaturaken babakan wigatosipun pendidikan kagem lare. Kados ingkang kita sami mangertosi bilih tujuan pendidikan tentu kemawon kagem ngarahaken generasi supados dados generasi ingkang muttaqin, generasi ingkang bertakwa. Sampun sak mestinipun bilih kita sedaya kedah neladani Nabi Ibrahim AS anggenipun paring pendidikan dhumateng putranipun Nabi Ismail AS kanthi ngiataken akidah ingkang kiat lan tangguh. Awit kanthi akidah ingkang tangguh, mboten badhe katut dening awonipun arus perkembangan zaman, gampil nampi keleresan lan gampil anggenipun nindaaken dhawuh saking Allah SWT.

Kita ugi saget mendhet pelajaran saking Luqman Al-Hakim anggen paring pendidikan dhumateng putranipun. Kaserat wonten ing Surat Luqman bilih wonten mapinten-pinten pendidikan Luqman Al-Hakim ingkang wantawisipun:

1. Mboten manembah kejawi namung dhumateng Allah SWT

Minangka tiyang sepuh, kita kedah paring pangertosan dhumateng lare bilih mboten wonten pangeran ingkang langkung hak dipun sembah kejawi namung Allah. Awit syirik kalebet dosa ingkang ageng lan mboten badhe dipun ampuni.

وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗ اِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ

Artosipun : “Lan (elinga) nalika Lukman dhawuh marang anake, nalika dheweke menehi nasihat, “He anakku. Aja sira nyekutuake Allah. Sak temene nyekutuake Alah iku kezaliman kang gedhe.” (QS. Luqman: 13).

2. Damel kesaenan dhumateng tiyang sepuh kalih

Damel kesaenan dhateng tiyang sepuh kalebet kewajiban ingkang sampun dipun dhawuhaken Allah SWT. Awit tiyang sepuh lah ingkang sampun ngandhut lajeng merawat kanthi susah payah ngantos lare-lare dewasa, paring pendidikan lan nyekapi sedaya kebutuhan lare-lare. Alloh SWT dawuh:

وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ وَهْنًا عَلَىٰ وَهْنٍ وَفِصَالُهُ فِي عَامَيْنِ أَنِ اشْكُرْ لِي وَلِوَالِدَيْكَ إِلَيَّ الْمَصِيْرُ

Artosipun : “Lan Ingsun (Allah) dhawuh marang manungsa supaya gawe apik marang wong tuwa loro. Ibune kang wung ngandhut ing kahanan kang lemah sansaya lemah, lan nyapih nalika umur rong tahun. Syukura sira marang Aku lan marang wong tuwa loromu. Marang Ingsun (Allah) sira bakal bali.” (QS. Luqman: 14).

3. Njumenengaken shalat, amar ma’ruf nahi munkar, lan sabar ngadhepi cobaan

يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ

Artosipun : “He anakku. Sira ngedekna shalat, lan perintaho manungsa nindakke kebecikan lan nyegah kemunkaran, lan sabara sira marang apa kang menimpa. Sak temene kaya mengkono iku perkara kang penting.” (QS. Lukman : 17).

4. Mboten sombong

Tiyang sepuh ugi kedah paring pangertosan dhumateng lare ampun ngantos tumindak sombong. Langkung prayogi tumindak kanthi sederhana lan rendah hati dhumateng sinten kemawon. Awit manungsa mboten saget gesang piyambak, tansah mbetahaken bantuanipun tiyang sanes.

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ

Artosipun :“Lan aja sira mengo seko manungsa (merga sombong), lan aja lumaku kanthi angkuh. Sak temene Allah ora seneng marang wong kang sombong lan angkuh.” (QS. Luqman: 18).

5. Nglirihaken suwara

Nalika tiyang sepuh paring nasihat dhateng lare, prayogi mawi suwantun ingkang lirih, mboten pareng nginggilaken suwantun.

وَاقْصِدْ فِيْ مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَۗ اِنَّ اَنْكَرَ الْاَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيْرِ

Artosipun :“Lan mlakuo siro kanthi senderhana, lan lirihna suwaramu. Sak temene sak elek-eleke suwara yaiku suwara keledai.” (QS. Luqman : 19)

Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Mugi-mugi kita sedaya saget paring pendidikan ingkang sae dumateng lare. Sahingga dados lare-lare ingkang nyepengi iman kanthi kiat, dados generasi ingkang shalih lan shalihah, generasi ingkang berilmu lan berakhlak. Senajan kados nopo rekaosipun anggen kita paring pendidikan, insya Allah sedaya wau dados margi kita anggenipun nggayuh suwarganipun Allah SWT. Amin Yaa Rabbal ‘Aalamiin…

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَ لَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ

الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ اِلَّا الله اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ محمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الـخَلَائِقِ وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ  صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الْمُخْتَارِ وَآلِهِ الْأَطْهَارِ وَاَصْحَابِهِ الْأَخْيَارِ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ اللهِ: أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَّلَكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ، يَآأيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْن. وَاْرضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ  أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَارَبَّ اْلعَالَمِيْنَ .رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار

 عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Disusun Oleh : Drs. KH. Ahmad Tsamin Fauzi, M.Pd.I (Mustasyar PCNU Gunungkidul)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *